Assalamualaikum kawan, kali ini saya akan memposting sebuah lirik lagu berbahasa jawa yang berjudul ''SINDIRAN''. Lagu ini memang hampir sama dengan Syi'ir Tanpo Waton(gusdur). Tapi, hanya liriknya saja diubah.
Oke, berikut lirik lagunya.......
JUDUL : SINDIRAN
PENYANYI : SODIQ
Ngawiti ensun nglaras sindiran
Kelawan poro wong nang duwuran
Kan njalanake dana anggaran
Ojo sembrono.. Tanpo itungan
Ojo sembrono.. Tanpo itungan
Duh poro konco Prio Wanito
Ojo mung njabat sareat bloko…
Gur pinter janji raiso mbuktekno
Tembe mburine rakyat sengsoro
Tembe mburine rakyat sengsoro
Akeh kang pinter sekabehane
Pinter ngakali marang kuline
Elek’e dewe gak di keto’ke
Padahal iku.. akal buluse
Padahal iku.. akal buluse
Gampang bujuk’i janjine goroh
Kangge menang’ke tuku suoro
Serto wes lungguh nang kursi rojo
Janji-janjine.. njur ora nyoto
Janji-janjine… njur ora nyoto…
Ayo sedulur jo’ nglalek’ake
Karo seng ndisek mileh swarane
Ojo gedek’ke wetenge dewe
Seng ndukung kowe… sek panggah… kere
Seng ndukung kowe sek panggah… kere…
Dadi pejabat gak bakal suwe
Kadung wes rakyat gak ngarepake
Yen wes janjine gak di buktek’ne
Bakal di demo di gulingake
Bakal di demo di gulingake
Koran lan tv podo ngabarke
Pejabat maling akeh contone
Soko seng duwur sak ngisorane
Kruyuk’an ngembat jatah rakyate
Kruyuk’an nyunat jatah rakyate
Koyo’ wes podo nunggu giliran
Sopo sing nyolong bakal konangan
Yen di percoyo dadi pimpinan
Kudu kang jujur lan kuat Iman…
Kudu kang jujur lan kuat Iman…
Kuwosone ndunyo ora hakiki
Ayo di jogo lan di syukuri
Yen panyuwune wes di turuti
Nang wong ngisorane jo’ Nganti lali
Nang wong ngisorane jo’ Nganti lali
Urep kang ayem rumongso aman
Dudu mergo ono neng duwuran
Sabar nerimo snajan pas-pasan
Nyukuri takdir soko pengeran
Nyukuri takdir soko pengeran
Ayo poro konco dulur lan tonggo
Kang durung bener podo ilingo
Ojo di bumbung lan di jongkrok’no
Siji kang olo… kabeh kang soro
Siji kang olo… kabeh kang soro
Sindiran iki ojo dadi ati
Jo’ Gawe bingung lan ojo wedi
Mung ngelingake kang nduwe janji
Mugo-mugo slamet.. jo’ nganti lali…
Mugo-mugo slamet… jo’ nganti lali…
Klik disini jikalau anda mau download lagunya
kemudian tulis judul lagunya di Insert Artist name or Song title
Tidak ada komentar:
Posting Komentar